MEDIA ONLINE SUARA JATIM.MY.ID BERITA TERUPDATE DAN TERPERCAYA Emak-emak Melu Ngoperasikake Mesin Molen Aduk Semen Kanggo Rabat Beton Dalan TMMD Sengkuyung Kodim 0731/Kulon Progo

Emak-emak Melu Ngoperasikake Mesin Molen Aduk Semen Kanggo Rabat Beton Dalan TMMD Sengkuyung Kodim 0731/Kulon Progo



KULON PROGO
suarajatim.my.id - Satgas TMMD bareng warga masyarakat ngebut gawe rabat beton dalan sing dadi sasaran utama kegiatan TMMD Sengkuyung Tahap II TA 2025 Kodim 0731/Kulon Progo, ing Padukuhan Ngaran Timur, Kalurahan Banjarsari, Kapanewon Samigaluh, dina Senin (12/5/2025).

Katon emak-emak melu aktif ngoperasikake mesin molen kanggo nyiapke adukan semen lan bahan liyane kanggo ngecor rabat beton dalan. Sawetara warga bareng Satgas TMMD padha ngangkut bahan, masang begisting, nggawa adukan lan ngeratake ing lokasi pengecoran.


Nganti dina iki, pengerjaan rabat beton dalan sing dawane 570 meter, ambane 3 meter lan dhuwure 0,12 meter wis entuk asil kurang luwih 250 meter utawa watara 37%. Dene kanggo sasaran tambahan, kaya gawe talud isih 0%, gorong-gorong ana 2 unit, unit pisanan wis entuk 20%, unit kapindho rampung. Rehab Pos Kamling tekan 15% lan pengecatan masjid 2 unit isih 0%.

Dina iki jumlah personel sing melu ana 45 wong, terdiri saka TNI 13 wong, Brimob Sentolo 2 wong, Polres 2 wong lan warga masyarakat 28 wong. Sanadyan cuacane panas banget, semangat warga lan Satgas TMMD ora kendhat. Muga-muga kabeh target fisik TMMD bisa rampung 100% sesuai alokasi wektu sing wis ditemtokake. Mengkono info saka Babinsa Banjarsari.

(Ihwan)

Lebih baru Lebih lama